Wednesday, May 11, 2011

Jenis-Jenis Budaya Jawa


1. Tari Jawa
Seni Tari Jawa kuwi awujud seni tari kang adi luhung, sakral lan relijius. Tari Jawa akèh jinisé,ing antarané Srimpi, Bedhaya, Gambyong, Wireng, Prawirayuda,Wayang-Purwa Mahabarata-Ramayana. Khusus ing Mangkunegaran disebut Tari Langendriyan, kang njupuk saka crita Damarwulan.Tari kang kawentar ing Kraton Solo antara liya Bedhaya Ketawang lan Srimpi. Miturut kitab Wredhapradhangga kang dianggep pangripta tari Bedhaya Ketawang kuwi panjenengané Sultan Agung (1613-1645) raja kapisan krajan Mataram. Tari Bedhoyo Ketawang ora mung ditampilaké nalika jumenengan nata anyarananging uga saben taun sepisan ing dina jumenengan utawa Tingalan Dalem Jumenengan.
Bedhaya Ketawang
Kaistiméwan Tari Bedhaya Ketawang:
• Pilihan dina latihan lan penampilan saben Selasa Kliwon (Anggara Kasih).
• Lakuné para penari nalika metu lan mlebu menyang Dalem Ageng tansah ngiteri Sinuhun kanthi arah manengen.
• Sandhangan para penari lan gendhing / tembang kudu manut paugeran kang ana
Sandhangan penari
• Dodot banguntulak.
• Lapisan ngisor nganggo cindhé kembang, awarna ungu, lengkap nganggo pendhing bermata lan bunta.
• Riasan pasuryan kaya riasan temanten putri.
• Sanggul bokor mengkureb lengkap kanthi perhiasan-perhiasané, kang dumadi saka: centhung, garudha mungkur, sisir jeram saajar, cundhuk mentul lan ngango tiba dhadha (untaian rangkaian kembang kang digantungaké ing dada bagian tengen).
Tembang lan Gamelan
• Tembang kang dialunaké para swarawati nggambaraké rayuan kang bisa nuwuhaké rasa birahi.
• Gamelan kang dipigunakaké arupa gemelan laras pelog, tanpa keprak
Rakitan penari
• Rakitan tari lan jeneng paragané béda-béda. Ing larikan ngarep para penari lungguh lan njogèd kanthi urutan kaya mangkéné:
o Batak
o Endhel ajeg
o Endhel weton
o Apit ngarep
o Apit mburi
o Apit meneg
o Gulu
o Dhada
o Boncit
Jroning mbeksa mesthi waé urutané ora tetep nanging owah-owah miturut adegané, nanging ana ing panutup tari banjur lungguh manèh jèjèr telu-telu. Sawisé kuwi iring-iringan mlebu menyang Dalem Ageng, uga kanthi ngiteri sakiwané Sinuhun.
Srimpi
Saliyanén tarian kang sakral mau Kraton Kasunanan/Pakubuwono uga nyiptakaké tarian liya kayata Tari Srimpi, yaiku tarian kang nggambaraké perang tanding loro satria.

Jinis Tari Srimpi
• Srimpi padelori
• Andong-andong
• Arjuno Mangsah
• Dhempel Sangopati
• Elo-elo
• Dempel
• Gambir sawit
• Muncar
• Gandokusuma
• Srimpi lobong
2. Kethopra Jawa
Ketoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa sisih Wetan (Jawa Timur ).Ketoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa tengah lan biso ngasorake kesenian liyane ,umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane. Ketoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priyo ing dusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari , kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan gendang, terbang lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Ketoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Ketoprak kanthi paripurna/lengkap. Pagelaran Ketoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyaraket/umum, yokuwi Ketoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yoiku : Warso - Warsi, Kendono Gendini, Darmo - Darmi, dlan sapanunggalane. Sak wise iku pagelaran Ketoprak sang soyo suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Ketoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan . Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja.
3. Gendhingan/Gemelan
Tahun jaywaha, suryasangkala katingal pangrasaning janma (162) masa palguna, candrasangkala swara karengeng jagad (167), sri paduka maharaja dewabuda yasa gamelan 'lokananta' kang awujud wilahan saking gangsa, ingkang sak mangke kasebat demung
suryasengkala bagahaning swara angrenggani swarga (269), tahun tarha candrasengkala swara matenggeng karna (287), masa kartika, hyang Endra nyipta piranti gamelan ingkang dipun wastani 'surendra' awujud gending (sak meniko dipun sebut 'rebab'), kala (kendang), sangka (gong),pamatut (kethuk), lan sauran (kenong) suryasengkala karengeng karna tri (326) tahun wakdaniya candrasengkala karenggeng gunakaton muluk (336), masa palguna hyang endra ngutus batara citrasena dateng negeri purwacarita ngasta gamelan 'surendra' supados dipun parengaken dumateng maharaja kano, bilih piranti - piranti gamelan kasebat dipun parengaken kanggo sedoyo titah ing mercapada.
Sri Maharaja Kano yasa piranti gamelan ingkang dipun wastani salundi (kempul lan garantang (gambang)lajeng dipun sebaraken dateng masyarakat supados dipun ditiru lan dipun kembangaken,ing sak mangke surendra meniko langkung dipun sebat surendro utawi salendro
tahun pramadi, suryasangkala kaswareng karnaguna maletik (327) masa wisaka, candrasengkala gora tri katon tawang (337) srimaharaja kano yasa lan nyebaraken tembangan - tembangan saking tembang ageng, lah meniko ingkang dados mulo bukane gending
tahun wikrama, suryasengkala naga kacaksuh ing rana (328),masa manggakala, candrasengkala madyaning rana tri (338)andedasar piranti gamelan sakang negeri ajam, yahudi, dan hindu Sri Maharaja Kano yasa piranti tanda perang: mardangga, inggih meniko : kalakendang, sangka gong, egong, gubar (bende ingkang mboten wonten pencu-nipun),bahiri (beri mawi sanding ), puksur (rebana ingkang dipun thuthuk mawi kayu), gurnang (kenong ingkang dipun gantung), tong-tong (kendang saking gangsa, penuthuk-ipun saking kayu), grit (rebana ingkang dipun thuthuk ngagem kayu), tetek, bedug, maguru gangsa (kemodong digantung) ing sak mangke 'mardangga' dipun wastani 'pradangga'
tahun pilapawa, suryasangkala trusta bojaning marga (529), masa wisaka, candrasengkala tataning pakarti wisaya sirna (545) dewi sugandi, putri prabu basukesti raja negeri wirata, miyosaken dewi basuwati raja ngaturi rawuh para brahmana, tapa, resi,lan sewasogata, dipun suwun puji syukur-ipun supados si jabang bayi sehat lan mbiten wonten rubedo menopo-menopo, para resi ingkang ngasto piranti rebana utawi terbang angklung, genta, kekeleng, bende, lan kentongan. Piranti kasebat ngiringi kekidungan dumaateng para jawata, sak konduripun para resi, raja nitahaken supados yasa tiruan piranti-piranti kasebat supados saged dipun main-aken kados surendra
tahun kalayuda, suryasangkala guna makarti tata (543),masa srawana, candrasengkala trusta marganing gati ((559) prabu basukesti raja negeri wirata yasa tiruanipun saking gangsa lokanantaingkang awujud demung lan gender ingkang sak mangke ugi dipun sebaraken ing masyarakat lan dipun wastani gangsa surendra
tahun sadaruna, suryasangkala anrus lenging naga (899), masa . . . . , candrasangkala karenga ing karna nrus wiyat (926) resi kano dari negeri ngadirejo, cilacap, kangungan niat kraman dumateng Prabu Ajipamasa ing Kediri, prabu narada, raja ngadirejo lajeng ngutus waktra lan barlu supados ngawat-awati resi kano, waktra dan baru nyamar dados pemain jantur ngasto suling yasa piyambak saking pring wratsari lan ugi ngasto sekawan manuk merak, suwantenipun suling ngagem laras kados suwantenipun manuk merak. Sak kondure dateng Ngadirejo suling dipun dados-aken salah satunggaling piranti ing gangsa surendra kaliyan piranti sanesipun ingkang laras-ipun sami kaliyan gangsa salendro, lah meniko mangke ingkang dipun wastani laras 'manyura' kagem pangeling-eling suwanten manuk merak : 'nya-ngung-ngong'
tahun tadu, suryasangkala (1107) karengeng maletik atmajaji candrasengkala karsa tri nunggal janma, 1136, Prabu Lembu Amiluhur peputra Raden Panji Ino Kartapati utaawi raden panji kasatrian, ahli ing ilmu pengetahuan, ingkang yasa piranti awujud bonang lan saron, ugi laras-laras ingkang sanesipun
Para kadang Raden PAnji sami mbiyantu yasa, raden kartala ngasta palu ingkang ageng, raden andaga palu sedeng, pungkasanipun ugi kaliyan kadang piyambak, sak sampunipun gamelan kasebat rampung, lajeng yasa seperangkat 'laras miring' utawi ingkang kasebat 'pelog' cacahaipun lan jenis pirantinipun sami kaliyan gamelan surendro, lajeng ing sak mangke gamelan surendro disebut salendro lan pelog
Ing masa Prabu Mundingsari saking kraton Pajajaran, yasa 2 jenis gamelan kados ramanipun saking Jenggala, ingang kasebat 'sorogan kagem laras pelog' kagem mardangga ingkang kasebat 'laras barang' niru laras cina utawi siyam
Wedal meniko sampun wonten piranti kenong lan wilahan saking demung lokananta ingkang menurut critanipun cacah-ipun wonten wolu, gender kalihwelas lan gambang ugi kalihwelas
'Mareme gegindingane ngaurip Angembani gegayuhne jalmi Swanten rebaing asebab Nunggal karo getering gender Imbuh ngelangut raosing suling Nyadong marem bathos lan pikir "Oncor lapa jampine tamba"

No comments:

Post a Comment